Memetri Basa Jawi

Bokmenawi kita sadaya sampun sami ngraosaken, bilih masyarakat ingkang sami ngginakaken Basa Jawi sansaya kirang. Kita akeni bilih tambah dinten tambah kathah tembung-tembung manca ingkang mlebet wonten ing Basa Jawi punapa dene Basa Indonesia. Kawontenan punika pencen mboten saged dipun singkiri amargi tembung-tembung kala wau dipun betahaken kangge sarana sesambetan ing antawisipun masyarakat. Tembung ‘komputer’ umpaminipun, punika tembung saking basa Inggris nanging sampun dipun tulis kanthi cara Indonesia.

Kangge nderek memetri Basa Jawi, sampun kathah para wasis lan bebadan ingkang mbudidaya supados Basa Jawi sampun ngantos ical saking Indonesia, langkung-langkung ing Tanah Jawi.

Mugi-mugi lantaran blog punika, kita saged nderek memetri Basa Jawi lantaran teknologi enggal ingkang kawastanan internet.

Sumangga.

Tinggalkan sebuah Komentar

Kula nuwun

Para tamu sadaya,

Matur nuwun sampun karsa nglonggaraken wekdal sawatawis mampir ing blog punika. Kula ndamel blog punika kangge sarana ngaturaken uneg-uneg sesambetan kaliyan kawontenan ing kiwa tengen kita.

Manawi panjenengan karsa paring wawasan utawi pramayogi tumrap blog punika, kasumanggakaken.

Salam urmat,

Sri Suwarno

Komentar (1)