Bokmenawi kita sadaya sampun sami ngraosaken, bilih masyarakat ingkang sami ngginakaken Basa Jawi sansaya kirang. Kita akeni bilih tambah dinten tambah kathah tembung-tembung manca ingkang mlebet wonten ing Basa Jawi punapa dene Basa Indonesia. Kawontenan punika pencen mboten saged dipun singkiri amargi tembung-tembung kala wau dipun betahaken kangge sarana sesambetan ing antawisipun masyarakat. Tembung ‘komputer’ umpaminipun, punika tembung saking basa Inggris nanging sampun dipun tulis kanthi cara Indonesia.
Kangge nderek memetri Basa Jawi, sampun kathah para wasis lan bebadan ingkang mbudidaya supados Basa Jawi sampun ngantos ical saking Indonesia, langkung-langkung ing Tanah Jawi.
Mugi-mugi lantaran blog punika, kita saged nderek memetri Basa Jawi lantaran teknologi enggal ingkang kawastanan internet.
Sumangga.